You are here: Home Artikel Kisah-Kisah Kopi (Sastra PORTEGAL)

www.sufibetawi.com

Kopi (Sastra PORTEGAL)

E-mail Print PDF

KANG Dasmad bener-bener lagi digawé mbekok gonèng Kapèr, pokoké Dasmad kalah sèt. Masalahé tah sepèlé, Kapèr sing jago nginung kopi, ora bisa dibodohi gonèng Dasmad.
Jenis kopi sing disuguhna Dasmad, maning-maning kebadèk.
Muganè kuwé, Dasmad ngintim-ngintim maring Kapèr, kapan tekané.
“Bèn mengko. Adong Kapèr teka maring warungé enyong, tèsih bisa mbadèk belih.
Adong bisa, enyong sujud maring Kapèr!” Dasmad ngomong nang batin,
tapi ora kètang atiné gemremet.
Lagi dientèni nemen-nemen, ujug-ujug Kapèr ana nang ngarep warungé.
“Hallo Kang Dasmad....”
“Hallo juga Pèèrrr....manjing-manjing. Kyèh, ana kopir anyar.
Kowen tak jamin ora bakalan bisa mbadèk! Kiyé kopi istimèwa.
Ocèh, kowen pan nyacak?” tawa Dasmad grapyak.
“Ocèh! Nyong pesen sagelas tuli Mad. Nyoba, nyacak!”
semauré Kapèr gaya koboi cap kampung.
Ora kesuwèn Dasmad gawé wèdang kopi. Srupat-sruput Kapèr nyecep kopiné.
Tapi kosikèn sagelas gedé entong, Kapèr digawé kèder.
“Pibèn Pèr, kopiné yahèr kan? Kowen bisa mbadèk?
Jempolan adong kowen bisa mbadèk, brati kowen jagoan nginung kopi.” omongé Dasmad. Kapèr gèlèng-gèlèng, ngaku bingung.
“Embuh kiyé kopi cap apa. Coba Mad, sagelas maning ndelèn.”
omongé Kapèr karo pesen sagelas maning.
Tapi ya maksa baé Kapèr ora bisa nebak.
Samana uga waktu dèwèké pesen sagelas maning,
Kapèr angkat tangan ora bisa nebak kopi cap apa.
“Nyong bener-bener seng Mad. Kopi cap apa ya?
Nginung nganti telung gelas, maksa baé ora bisa nebak.
Kopi apa sih Mad?” Kapèr takon.
“Kowen pèngin ngarti? Kopi sing tak gawé kuwé, angus silité kètèl bol.....” .